Sadawaning Rel Malang – Jakarta (kababar ing Jayabaya, Februari 2005)

dening: Titik Kartitiani

PasewakanSatria ! Sapa se sing ga kenal dheweke. Ing kalangan aktivis, politikus apa maneh wartawan, kabeh mesthi kenal. Penampilane prasaja, nanging supel. Kahanan dadi sumringah yen ketekan dheweke. Ana ae sing diomongke lan kabeh mesthi isa gawe guyu. Mulane, yen lagi liputan nang lembaga pemerintah utawa DPRD, sing kerep kudu nunggu nganti wektu sing ga isa ditentokake, Satria mesthi diarep – arep.

“Pelawake Malang durung teka ? Apa entuk order liya ?! “ Cluluke Yos, reporter harian politik. Praupane lecek merga wiwit jam wolu isuk nunggu sidhang sing ga bar – bar. Kahanane mboseni, reporter liyane ga ana sing kumecap. Nanging bareng Satria mencungul, kabeh padha keplok – keplok. Pancen dheweke duwe kodrat lucu. Isa nggawe guyu mung merga disawang.

“Ancene susah dadi arek nggantheng tur pinter iku !” cluluke tanpa dosa. Byeh…byeh, masiya krasa neg, akhire kanca-kanca ya ngakak. Bubar ngono iku mesthi ana ae critane sing marake ngguyu. Iku crita-crita sing takrungu saka kanca-kanca wartawan dhaerah ngenani Satria, wartawan harian lan kolumnis.

Aku dhewe durung nate ketemu karo dheweke. Nanging aku rumangsa akrab, ora liya merga kerep maca tulisane. Satria isa malik wujud nalika maca tulisane. Gak ana sing nyangka yen tulisane bermutu, cerdhas lan inpsiratif iku digawe dening wong sing kebak guyu lan konyol. Akeh tulisane sing menehi inspirasi kanggoku. Aku kagum !

Tanpa taksadhari aku wiwit mbayangke isa cedhak karo dheweke. Saking penasaran, aku nekad ngirim surat via internet. Pengin kenalan lan diskusi. Nanging aku ga ngarep –arep dibales. Kanggone wartawan senior kaya dheweke, mesthi ae gaweane seabreg. Gak bakal sempat mbalesi email ‘iseng’ kaya ngono. Nanging ora nyangka, emailku dibales.

“… senang aku menerima suratmu, Dhik. Jangan pernah minder, sebuah perjalanan panjang itu pasti ada langkah pertama. Hanya permasalahannya aku sudah melangkah terlebih dahulu. Aku tunggu surat berikutnya.

Salam hangat

Satria

Wow ! Ecxiting! Mungkin kaya ngene rasane yen arek SMA entuk surat saka bintang pilem utawa penyanyi idolane. Nanging aku rak wis ora ABG maneh, malah umure wis arep kepala tiga. Masiya ngono, tokoh iku isa menehi akeh inspirasi kanggo nglairake tulisan. Wiwit email iku, aku lan dheweke sering diskusi lewat internet. Nganti ora krasa. Hubungaku laya – kaya dadi cedhak masiya durung nate ketemu.

“Ayang… Ayang, percaya men kon ambek internet. Kon ngerti tan yen cyber love kuwi mung imajinasi, ilusi, halusinasi lan sabangsane ?” komentare Anis, kancaku sakantor nalika aku crita bab Satria.

“Aku ora falling, Nis! Trust me! Wong Mas Satria wis merrid kok,” protesku.

“Lhadalah! Malah wis merrid ?!” bengoke Anis. “Yang, iki dudu saran nanging ultimatum ! Aja diterusake ya, cah ayuuuuu. Iku jenenge dolanan geni!”

“Aja ngeres ngono lah, aku mung kagum karo tulisane, karo kecerdasane. Gak luwih kok,” kandhaku kalem.

“Yang, yen aku krungu ngene saka telepon, aku isa ae percaya. Tapi aku isa nonton mripatmu. Mripat kuwi gak tau ngapusi. Wis, Yang, aku gak pengin berdebat dawa. Aku gak setuju !”

Anis age-age ngentekake jus jambu, terus ngilang nang ruwangane sing adhep- adhepan karo ruanganku. Ah, ora, aku kagum karo Satria merga tulisane, merga profesine. Ora luwih saka iku, batingku kanggo ngilangake pikiranku sing teka ngendi – endi.

***

Wektu lumaku bisu. Jakarta tambah tuwa rasane. Macete tambah nggilani. Mal, toserba lan sabangsane saya akeh dibangun. Semrawute kutha sansaya krasa. Nanging piye maneh, kahanan ngono ikusing kudu takadhepi saben dinane. Jakarta sing kudune rame meriah, malah ndadekake atiku krasa tumlawung. Sepi ing tengah keramaian. Mungkin merga kahanan sing adoh sedulur, adoh kanca raket, surat – surate Satria dadi obat mujarab. Kanggoku dheweke dadi paket all in one. Kanca ngudarasa, guru sing ngajari piye dunia jurnalistik sing kadhang abu – bau lan partner diskusi sing hebat.

“Ya ngono iku, yang… sing ndadekaku aku betah nang Malang. Aku nate dikongkon dadi redaktur nang Jakarta, nanging aku emoh. Mbayangke kotane ae wis mumet,” kandhane Satria saka seberang.

“Iya, Mas… Malang ketoke asyik, ya ?”

“Aduh. Dhik… sing jelas adoh yen dibandhingake ambek Jakarta. Awakmu durung tau nang Malang tah ?”

“Emmm… liwat se tau. Pas arepe nang Mahameru, taun 2000.”

“Ngene ae, usulna DLK (Dinas Luar Kota) nang Malang. Yen ACC, mene takterne muter – muter sakatogmu.”

“Serius ?!” aku semangat banget.

“Serius, Sayang!” krungu diceluk sayang, rasane pengin ngakak.

“He….he…he, aku lak isa dikethak ambek Mbak Ayu tah Mas?”

“Gak. Ayu wis takcritani kabeh, kok”

“Apa, Mas ?”

“Takcritane yen aku sayang awakmu kaya aku sayang nang Ayu,” kandhane kalem ning marahi aku gak karu-karuan. Nanging aku age-age ‘membumi’. Sapa se sing ora kenal ambek banyolane Satria ?!

“Huahahahaha,” aku tambah ngakak.

“Yang aku serius. Yen gak percaya, takona Ayu.” Sableng ! Sadurunge nglantur, aku age-age nutup flip HP-ku. Gak takreken dheweke miscall bolak balik. Aku SMS : Iya Mas, tak-usahakake DLK nang Malang. Aku tertarik ambek Malang.

***

Kota Malang pancen kutha sing exciting kanggoku. Kompleks dhaerahe ditata rapi. Misale na dhaerah sing jenenge kabeh nganggi iwak. Ana gang ikan mas, mujaer, pari lan sapiturute. Dadi yen arep nggoleki alamat luwih gampang. Krungu – krungu nate entuk penghargaan kota terbersih.

“Nanging Malang ora beda kaya kutha – kutha liyane, Yang… merias diri,” kandhane Satria sing nyetir mobile alon, nlusuri jalan protokol kutha. Yen saka prapupane, jelas dheweke ora kaya bintng pilem. Malah sadurunge ketemu, dheweke kerep kon mbayangke praupan sing paling elek,ya kaya ngono kuwi Satria. Nanging sing jelas, asline ya ora separah kuwi. Apa ae wujude, aku kagum marang pemikiran lan prestasine.

“Akeh mal ya, Mas ?”

“ Ya mal, perumahan elit lan sabangsane. Akeh bangunan bersejarah kudu digusur merga iku. Ah, embuh Yang, aku ya ga mudheng piye bangsane dhewe iki menghargai sejarah. Beda ambek bangsa Uni Eropa sing duwe apresiasei dhuwur ambek bangunan bersejarah.” Satria… Satria…ana cahya sumunar saka praupanmu masiya kulitmu peteng. Cahya semangat yen lagi diskusi sing narik kawigatenmu. Ya kuwi sing njalari aku ngrasakake beda. Rasa sing kudune adoh saka kekancan antarane aku lan kowe.

“Apa’a awakmu ga gelem ngakoni yen sayang karo aku, Yang ?” pitakone karo mandeng aku. Angin sore semilir nggawa sedheping kembang apel.

“Apa’e se, Mas. Kaya arek SMA ae,” kandhaku sakecekele.

“Yang, aku serius. Aku pengin ngrabi awakmu.” Hups. Apel Manalagi sing takmamah kandheg nang gurung. Aku ambegan landhung, nata ati. Sajak wis ga isa digawe guyon.

“Mas, aja nglindur. Ya apa rasane Mbak Ayu yen sampeyan pengin rabi maneh ?”

“Ayu nate nawani yen aku oleh rabi maneh, angger ga entuk arek Malang. Lan maneh poligami iku sah timbang zina,” kandhane diplomatis.

No… No ! Konsekuensine poligami iku abot. Apa Mas sanggup nanggung ? Mas, iki ora merga aku egois. Wanita ngendi ae gak ana sing milih dimaru. Kajaba ana alesane sing logis,” kandhaku.

“Ya logis ta alesanku. Aku pengin ngrabi awakmu merga aku seneng lan timbang zina,” protese.

“Halah, kuwi lak klise banget. Maskulinitas jenenge.”

“Apa’a nggawa – nggawa gender, Yang ? Aku luwih realistis. Saiki aku takon, awakmu sayang aku apa gak ? Jujur,” pitakone sing takrasakake nekak guluku.

Masiya aku gak njawab, aku yakin Satria ngerti apa jawabane. Dhuh Gusti, kena apa ora ketemu dheweke patang taun kepungkur. Nalika dheweke dudu dadi Bapake Angge lan Anggi. Bocah umur rong taun lan patang taun sing saiki nunggu nang omahe ?

***

Boneka panda ireng putih takgegem kenceng nalika aku mencet bel omah cet putih pojok gang. Mungkin aku munafik, ngapusi atiku dhewe. Nanging dalan iki sing apik kanggoku. Masiya kaya apa sayangku karo Satria, aku ora pengin ngrebut saka bojo lan anak – anake. Malah sewalike, aku pengin dadi bageyan keluwargane tanpa kudu dadi bojone Satria. Paseduluran marang Mas Satria, Mbak Ayu, Anggi lan Angge mungkin bakal dadi crita manis kanggoku. Alesan iku sing menehi aku kekuatan teka na omahe.

“Sugeng siang, Mbak. Aku Ayang, kancane Mas Satria,” kandhaku karo ngulungake tangan. Wanita ayu sing saiki ngadeg na ngarepku iku ketok kaku. Dheweke maspadakake aku saka pucuk rambut nganti pucuk sikil.

Mas apa ae sing tau sampeyan citakake bab aku ? Masiya durung nate tepung, aku ngerti apa artine panyawange. Merga aku lan dheweke padha – padha wanita. Lan aku ngerti banget, kaya ngapa wanita yen lagi sujana. Mas, nyatane yen sampeyan sayang aku ki temenan. Sasuwene iki aku nganggep guyon, nanging bareng nyawang mripate Mbak Ayu sing sujana kuwi…. Ah, apa aku kudu seneng yen nyatane sampeyan sayang aku temenan ? Apa aku kudu dadi penjahat na ngarepe wanita iki.

“Mba Ayu, sepuranen aku ya Mba. Percayaa aku, aku gak bakal ngrebut Mas Satria. Mung Mba Ayu sing paling cocok kanggo dheweke,” kandhaku tanpa ditakoni. Dawa-dawa aku njelasake jenis hubungan kaya apa sing takpengini antarane aku lan Satria. Aku ngakoni, ora gampang mateni geni cemburu. Nanging paling ora, Mbak Ayu wis ora kaku maneh ngobrol karo aku. Malah kepara luwih akrab.

“Mbak iki boneka kanggo Anggi lan Angge. Aku entuk saka menang lomba dongeng,” kandhaku karo ngulungake boneka loro.

“Adhuh, Yang, awakmu kok repot-repot,”kandhane Mbak Ayu karo nggendhong Angge.

“Tlima kacih, Tante…” swara beninge Angge. Mripat bening bocah sing kebak esem kuwi njalari atiku keranta-ranta. Takruket kenceng ing dhadhaku. Muga – muga Mbak Ayu ora ngerti yen atiku banjir luh.

***

Malang wayah wengi. Alun – alun Kota Malang isih nawakake angsle ing sadawaning trotoar. Nanging angete angsle ora bisa nawa kekesing ati. Remuk rasaning atiku nalika nemu prapupan sing dadi watu.

“Nyapa awakmu teka nang omahku, Yang ? Awakmu wis nglanggar komitmen. Awakmu wis njongkrokake harga dhiriku nang ngarepe Ayu. Tegane awakmu!”

“Mas, sampeyan kudu ngakoni yen aku bener. Mbak Ayu tetep gak bakal lila yen dimaru. Mas, aku gak tega ngrebut sampeyan saka keluwargamu. Aku sadhar, Mas, yen pancen sayang sampeyan. Sayang sing beda, sing ora kaya jamane aku kagum marang tulisanmu. Luwih saka iku….,” serak swaraku kaya-kaya ri sing metu saka gurung. Mripat sing wingi edhum,sa iki mingis – mingis kaya pedhang. Penyawange nggarit tatu ing jroning ati, perih.

Lampu – lampu nembus kabut. Alon Kreta Gajayana jurusan Malang – Jakarta ninggalake Stasiun Kota Baru. Takringkesi kenangan lan ati sing morak marik. Muga – muga amblas kegiles rodha sadawaning rel. Kanggo sing sepisanan iki aku kangen Jakarta. Kutha sing babar blas ora tau takkangeni sadurunge.

(Tamat)

*Uga kababar ini “PASEWAKAN” Konggres Sastra Jawa 3, 2011

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s